Jumat, 15 Januari 2016

Arti Kinanthi

KINANTHI
Padha dilatih ing ati ing kepekaan supaya landhep. Aja tansah mangan turu watak kaprawira digoleki. Latihen awakmu sudanen mangan lan turu.
Dadia tumindhakmu nyuda mangan lan turu. Lan aja boros kabeh kui sacukupe wae. Ala watake wong boros suda batin lan ngati – ati.
Yen wis ditakdirke wong gedhe aja sampeyan umuk. Aja cedhak lan wong ala kang ala tumindhake. Mesti ngajak – ajak sahingga anulari.
Senadyan wong ngisor asale yen kelakuane becik utawa akeh pengalaman cerita kang dadi conto. Iku pantes dicedhaki supaya mundhak ilmune.
Yen wong enom wis mesthi manut marang kang diadhepi. Yen kang dicedhaki akeh wong bangsat ora mesthi bisa ditiru. Yen kang dicedhaki akeh maling ora mesthi bisa maling.
Senadyan ta ora melu mesthi weruh kegiatan maling. Kaya mangkono perilaku sig gawe ala iki kulina weruh banjur bisa iku ajarane iblis.
Sing gawe apik iku gampang yen wis dilakoni angel yen durung kelakon. Males nglakoni tur iku manfaati awak dewe.
Yen wong enom iku kang kanggo ing masa iki rendah hati kang diadohke njunjung dhuwur umuk. Pamer umuk kang dibiasakke sok isa lan sok ngerti.
Sapa koe sapa aku kelakuan ala kudu dihurmati. Iku uga ngawur wong enom adoh wong apik. Wegah ngrungokke pengalaman, pengalaman ala dianggep apik.
Pengalaman kang wis kelakon gawe ala lan apik. Tingkah laku bener ala lan ora kelebu jero pengalaman kabeh –kabeh dipelajari.
Awale wong enom iku apik ingkang sregep. Jagongan lan wong tuwa kang akeh pengalaman uga. Pengalaman iku werna – werna ana ala ana becik.

Kang apik pengalamane iku dienggo kang pasti kang ala disimpen aja koe nglakoni. Lan diawas wong pengalaman iku iya ing masa iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar